RSS

Tata Krama

TATA KRAMA

Tembung tata krama iku kedadean saka rong tembung yaiku tembung tata lan tembung krama . Miturut Baoesastra Jawa karangan WJS Poerwadarminta tegese tembung tata lan krama iku mangkene :

Tegese tembung Tata =
1. Beciking pangetrap (pasang rakit),
2. Becik pangetrape , mawa aturan sing becik,

Tegese tembung Krama =
1. (kawi) pratingkah, patrap.
2. (kawi) tata pranata kang becik, suba-sita.
3. (kawi) watak, sipat.
4. (krama ngoko) tembung pakurmatan (ing unggah-ungguhing basa).
5. (krama inggil ) laki – rabi.
6. (kawi) bojo.
Tembung camboran sing nganggo tembung krama antarane :
Kaum krama = wong cilik.
Ngapus krama = ngapusi sarana alus.
Nyangga krama = ngepenaki rembug.
Ngungkak krama = nerak tatanan.
Dikramani = dibasani (dijak guneman nganggo tembung krama ).
Dikramakake = 1. ditembungake krama 2. (krama inggil) diomah-omahake , dirabekake, dilakekake.

Dadi tembung tata krama iku tegese yaiku patrap utawa pratingkah kang becik pangetrape.

Ing Serat Nayakawara anggitan KGPAA Mangkunagara IV diterangake ing tembang Dhandhanggula.

Werdingkang wasita jinarwi,
wruhing kukum iku watakira,
adoh marang kanisthane,
pamicara puniku,
weh reseping sagung miyarsi,
tata-krama punika,
ngedohken panyendhu,
kagunan iku kinarya,
ngupa boga dene kalakuwan becik,
weh rahayuning angga.



Saben bangsa nduweni tata krama dhewe, tata kramane wong Jepang, Eropah beda karo tata kramane wong Jawa. Samono uga tata-krama kang lumaku dhek jaman biyen beda karo jaman saiki . kang perlu digatekake , yaiku : yen kita pinuju ana ing kalangan liya kang nduweni tata- krama dhewe, kita sing bisa nglarasake dhiri marang swasana ing kono mau. Kudu eling marang tujuwane njunjung tata krama kang maksude : memayu ayuning pasrawungan. Adat pakulinan kang alus, tingkah laku kang becik, bisa nglarasake marang kahanan , klebu sawijining pranatan pasrawungan sadina-dina.
Bisa nyingkiri tekane pasulayan utawa rasa pangrasa kang bisa njalari seriking atine liyan. Miturut tembang ing dhuwur tata krama iku ngedohken panyendhu, lire bisa nyingkiri anane pasulayan utawa salah tampa. Dhuwuring drajade bangsa bisa katitik saka alusing tata kramane.
Mula wis aran wajib, yen para wong tuwa lan para pamong kajabaning paring tuntunan lan kapinteran marang para putra lan para muride , uga anggulawenthah bab kasusilan lan paring tetuladhan ing bab tata krama
Tumrap bocah-bocah, para siswa lan para putra semono uga, saliyane sengkud ngudi undhaking kawruh lan kapinteran , aja nganti nglirwakake tata krama.

Ana ngendi bae tata krama mau ditrapake ?
Pangetrape tata krama antara liya :

1. Nalika tetepungan karo mitra anyar
2. Nalika cecaturan.
3. Nalika mara dhayoh.
4. Nalika kedhayohan.
5. Nalika ana ing dalan
6. Tata cara manganggo
7. Nalika dhahar lan liya-liyane.


Ing ngendi-endi panggonan salagine isih sesrawungan kang liyan panganggone tata krama iki ora kena kari.
Tata krama ing basa Indonesia utawa cara Mlayu diarani sopan santun.
Elinga : tata krama iku busananing bangsa.


AJINE KAWRUH SRAWUNGAN


Kita urip ing alam donya iki mbutuhake srawung karo liyan. Awit siji lan sijine kudu sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit jaman kuna – makuna , uripe manungsa pancen wis padha sesrawungan lan gegrombolan. Kejaba ta ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe, arep menjila, mertapa, utawa urip ijen ana ing tengahing alas, ora mikir sandhang pangan lan keperluwan , --- bisa uga wong kang kaya mangkono mau ora mbutuhake marang pasrawungan.
Nanging tumrape umum, kang urip ing bebrayan, kang mangku bale omah, kang sesambungan lan kulawarga, --- gelem ora gelem , kudu sesrawungan karo liyan. Wiwit nindakake pegaweyan kanggo kebutuhan dhewe ing sajroning omah ing sajabaning omah, nganti pegaweyan ing kantor , pasar, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lsp. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenagane liyan.
Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing laladan pegaweyane, bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinau kanthi temen-temen supaya mangerti marang wadi-wadi , nuli ditindakake kanthi becik, murih bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan , sokur bage bisa antuk kauntungan.
Manut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyata yen asile gegayuhane wong ing laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe vak, yaiku kawruhe kang ditindakake , dene kang 85% saka enggone pinter sesrawungan karo liyan, luwih-luwih karo wong kang gegayutan karo pegaweyane.
Samono pentinge kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Nanging nalikane kita isih bocah isih sekolah biyen ora nate oleh wulangan kasebut. Mengkono uga ing kapustakan kita, para leluhur kita ora ninggali kitab wewarah ngelmu srawungan kang kena kita enggo tuntuna urip ing sajroning alam rame iki. Ing Wedhatama mung ana tinemu pepindhan, kepriye tunane (rugine) wong kang kidhung (kaku) ing bab sesrawungan kang amarga kurang sesurupane . sanadyan tuwa pisan , nanging yen ora ngerti marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkon kasebut ing Wedhatama.
Dadi wong kurang kawruhe, yen srawungan karo wong akeh, sikepe gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawa cara tembunge kang lumrah : lingak-linguk kaya kethek ditulup.
Mula saka iku , kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sajatine perlu banget kita udi. Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik, bisa narik perhatian lan sympatiene (sengseme) wong kang kita ajak srawungan, bakal bisa nekakake karahayon tumrap kita, lan iya bisa nekakake kauntungan lan kabegjan tumrap pegaweyan utawa perusahaan kita.

NGLAIRAKE RASA PANGRASANING ATI


Wong Jawa iku enggone semu. Tetembungan iku iku wis kaprah keprungu ing kalanganing bebrayan Jawa. Nanging kanthi majuning jaman kaya-kaya tetembungan iku mau saiki mung kari dongeng wae. Wong-wong Jawa ing bebrayan Jawa sing saiki wis akeh sing kanthi blak-blakan, wis ora sungkan –sungkan gelem nglairake rasaning atine. Sanajana mangkono isih akeh sedulur-sedulur Jawa sing isih ngugemi tetembungan ing dhuwur mau.
Ing ngisor iki ana crita : Ana sawijining wanita numpak sepur karo nggendhong anake sing isih bayek, lagi nangis kepiyer. Ora oleh lungguhan. Ing sacedhake kono ana kursi kang dilungguhi nom-noman. Wis suwe wanita mau anggone mbudidaya supaya bayine gelem meneng. Nanging tetep ora gelem meneng.
Geneya si biyung ora gelem nglairake rasaning atine ? Geneya ora nembung marang wong-wong kang lungguh ing cedhake, upamane : “Menapa kepareng kula ndherek lenggah sakedhap kemawon, supados anak kula boten kepepet-pepet ?”
“Menawi dhangan ing penggalih mugi kersaa maringaken lenggahan sakedhap kemawon. Mangke menawi anak kula sampun kendel nangis, panjenengan kula aturi pinarak malih.”
Wis dadi adat pakulinan kita : lumuh nglairake rasaning ati. Marga isin, sungkan sumelang yen ora ditanggapi, kuwatir yen malah nandhang wirang.
Pancen mangkono, rasaning ati kang ngandhut kauntungan tumrap kita dhewe,. kita lumuh nglairake. Rasaning ati kang ngemu keperluwan kita dhewe, kang bisa menehi kauntungan marang kita, manut kasusilan, pancen kurang prayoga kita lairake. Kajaba yen kepeksa.
Balik rasaning ati kang bisa gawe senenge liyan, sanyatane prayoga kita lairake. Rasaning ati kang ora njalari kapitunaning liyan malah perlu kita lairake sarana tetembungan.


Upamane mangkene : sedulur nampa paweweh saka tepungan wujud barang (bakal klambi, sepatu lsp) apa awujud panganan, apa liyane (buku-buku). Sedulur mesthine seneng lan nduweni rasa “terima kasih “ Rasaning ati kaya mangkono mau kudu dilairake sarana tetembungan : Matur nuwun, kesuwun, sakalangkung nuwun, utawa liyane maneh.
Yen rasane ati mau ora dilairake, wong sing weweh ora ngerti kepriye mungguh panampane kang diwenehi barang. Ana kalane rasaning ati mau ora dilairake sarana tetembungan, nanging sarana sasmita bae, upamane : mesem, apa manrhuk-manthuk. Sing weweh iya wis ngerti, nanging kang mangkono mau kurang netepi kasusilaning pasrawungan.
Kang becik iku, lairna rasaning ati kanthi tetembungan kang cukup kehe, becik iketane, resep rungone, --- murih bisa gawe senenge atine liyan.
Cekaking atur yen kita kepengin nglungguhi kasusilan , pokoke ngudia kanthi sabarang tindak-tanduk lan muna muni bisane gawe senenging atine liyan. 

AMEMANGUN KARYENAK TYASING SASAMA

Sanyatane skabehing wong iku tresna marang awake dhewe. Malah saka tresnane, nganti kebacut ora gelem (wegah) ngakoni kaluputane dhewe, suwalike sing disenengi utawa sing diarep-arep mung tekane pangalembana tumrap dhirine.
Wong kang rupak kawruhe :seneng diugung. Nanging ugung lan pangalembana iku ana bedane. Ugung utawa umpak mathuke pancen kanggo wong kang cupet kawruhe, awit pangrasane wong kang ngumpak utawa ngugung mau : nyata-nyata temenan muji dheweke.
Wong kang jembar sesurupane , wis mesthi ora seneng diugung utawa diumpak , ewasamono bareng dialembana dheweke seneng, rumangsa yen nyata pancen wis sapantese dheweke nampa pangalembana mau.
Kita perlu mangerteni bedane ngugung, ngumpak lan ngalembana. Mula saka iku gegaran kanggo sesrawungan kang premati yaiku wewaton “sapa bae seneng nampa pangalem” kaya kang kasebut ing Wedhatama “amemangun karyenak tyasing sasama”, lire agawe enake atine wong liya.
Pepenginane utawa pangarep-arepe wong marang pangalembana utawa pangaji-aji (penghargaan) iku kaya dene wong kang ngorong nalika kepanasan. Mula yen ana wong kang menehi “banyu” dheweke banjur seneng lan gembira banget. Nanging kang luwih bisa seneng lan pamareme wong mau , yen paweweh arupa pangaji-aji mau diwenehake kanthi eklas, jujur, ora mung kanti ethok-ethok bae.
Kita kudu entheng memuji marang kabecikan utawa kaluwihane wong liya, aja wigah-wigih nglairake kabungahan kita marang asile pegaweyane wong liya. Kita kudu bisa ngatonanke rasa-pangrasa melu gembira, melu bungah marang apa kang ndadekake kabungahaning liyan.
Kawuningana, derenge manungsa enggone kepingin antuk pangaji-aji iku , yen ora kaleksanan bisa gawe angles lan putheking pamikire. Yen ora kabeneran, sisib sembire bisa gawe ngengleng , malah-malah sing kebacut bisa owah pikire.
Mula saka iku, penting banget kita meruhi wadine wewatakane siji-sijine wong, murih bisane kita bergaul, bisa mranani atine, bisa gawe legane atine, kang satemah kita dhewe kang bakal nemahi kauntungan , dene banjur sugih mitra lan ora ana kang ngrintangi marang tujuwan kita. Prasasat ora ana kang mungsuhi, nanging kabeh dadi mitra kang samapta mbiyantu.
Dadi wose , kita kudu ngerti dhisik , yen saben wong iku seneng marang pangaji-aji utawa penghargaan . nanging aja nganti kliru marang pangumpak lan pangugung .



MANJING AJUR-AJER


Tembung ajur ajer iku mono tegese kang sanyatane : bisa nandukake patrap agal lan alus, kang laras karo kang disrawungi. Kang diarani wong kang bisa manjing ajur-ajer, lire wong kang pinter anggone sesrawungan bisa campur karo golongan rupa-rupa, bisa kekumpulan karo kaum krama , nanging iya ora kidhung yen nuju ana ing pasamuwan para golongan dhedhuwuran. Bisa lelawanan rembug karo kaum tuwa utawa golongan pinisepuh, nanging iya ora kaku yen nuju sesrawungan karo golongan nom-noman utawa kaum liyane kang wis dudu sababage.
Bisa manjing ajur-ajer tujuwane bisaa dadi wong kang sugih mitra, kang disenengi wong liyan, kang bisa gawe resepe atine sapa bae satemah kita dhewe bakal luwih seneng urip kita lan luwih gampang anggone golek kemajuwan.
Sesrawungan utawa pergaulan ing jaman saiki, wis ora misah-misahake antarane kaum wanita lan kaum priya. Mula saka iku , wajib kita kaum wanita lan kaum priya padha mangerti kepriye cara-carane bergaul manut sopan – santun, lan mangerti uga sepira gedhening paedahe sesrawungan kang ora ngliwati watesing kasusilan.
Saiba enak kepenaking rasane ati kita, yen ana ing sajroning pasrawungan kita bisa nglarasake marang swasana ing kono. Yen nuju bergaul karo wong tuwa, bisa nanggapi rembuge, bisa ngempakake lan ngerti marang unggah-ungguh. Saiba sreg lan enake rasa pangrasa kita, yen sajroning pergaulan, kita oleh panganggep saka wong akeh, yen kita bisa manjing ajur – ajer, bisa gawe resep marang sok uwonga, bisa nyenengake wong kang lelawanan rembug utawa lelawanan pegaweyan karo kita.
Ing jaman kuna, para leluhur kita wis ndarbeni ngelmu bisane wong manjing ajur – ajer . Saiki kita ngudi bisane ndarbeni pakulinan lan patrap ajur-ajer, ora nedya dianggo nindakake pakaryan kang sasar, nanging saperlu kanggo pawitan anggayuh kemajuwan.
Manjing ajur – ajer minangka tuntunan bisaa kanggo sanguning urip kita ngambah laladan kabegjan, kang bisa aweh paedah tumrap dhiri kita lan uga tumrap bebrayan.

Tegese tembung :
manjing = 1. kw. mlebu, lumebu 2. wis mlebu (ora kena dicopot, diilangi) , rumasuk 3.wis klebu dadi ..... 4. ngrasuk ing (agama)
ajur = 1. remuk 2. luluh ajer (ana ing barang cuwer) 3. rusak babar pisan
agal = 1. ora lembut 2. kasar, wadhag.
kaum krama = wong cilik, buruh.
pasamuwan = 1. paklumpukaning wong-wong sawetara 2. pista mangan enak 3. kumpulan sarasehan 4. gegolonganing wong-wong tunggal agama (protestan)
sababage = sabarakane, tandhing (mungguhing gedhene, umur-umurane.)
satemah = wekasane tundhone.
iba = mendah
resep = 1. njalari seneng (kepenak) marang pandeleng (pangrungu) 2. suker, nggarap banyu
rumesep = mlebu ambles tumrap barang cuwer.
darbe = duwe
pawitan = dhuwit kang dianakake (dianggo bebakulan lsp)
laladan = tlatah, wewengkon.



WONG JAWA ENGGONE SEMU

Manut kapustakan Jawa, jare wong Jawa iku enggoning semu. Tegese enggone semu : gampang ngertine marang pasemoning liyan, sanadyan ta ora dikandhani utawa dipituturi apa kang lagi dikandhut ing atine (karepe) liyan, wis bisa ngerteni. Bisa krasa.
Upamane, nalika kita mara dhayoh marang tepungan kita, tanpa kabar luwih dhisik. Nalika kita teka ing omahe kono, wong kang duwe omah nuju dandan apik. Iku, kita kudu wis mangerteni yen kang duwe omah mau arep lunga, embuh menyang endi. Yen mangkono si dhayoh banjur kudu duwe rasa pangrasa dhewe, yen ora kena ngganggu kamardikane sing duwe omah mau. Yaiku kita kudu kaniyatan kita maradhayoh utawa sanajan lungguh, iya mung saperlune bae. Kaya mangkono tuladhane wong ngerti ing semu.
Weruh wong ulate padhang , bisa ngerti yen wongmau nuju nemahi kabungahan. Kepethuk wong lagi suntrut, ngerti yen lagi nandhang susah, dadi iya aja diajak sesembranan.
Apa pangalembana “Jawa enggone semu” iku nganti saiki tumindak kanthi becik?
Terus terang bae, yen kita wani mawas dhiri, saiki ora angger wong kena diparabi mengkono mau. Tandha yektine, ing masyarakat saiki ora kurang-kurang pangresulane wong-wong kang bekah-bekuh dene ketanggor wong kang ora weruh ing panarima, kang mblubud, kang ngapusi, kang rai gedheg, kang slura-sluru, lan sapanunggalane.
Sawijining ibu mentas bae menehi pitulungan derma marang nom-noman kang jare perlu banget kanggo kabutuhaning uripe. Bareng wis dipitulungi, ndadak nom-noman mau ora nganggo kandha “terima kasih” ora barang.
Pengalaman nalika lelungan menyang Jakarta numpak sepur, ana sawijining setasiun ana penumpang anyar, yaiku wong wadon kang nggendhong anake isih bayi ora oleh papan lungguh , marga nalika samono penumpange pancen kebak banget. Hawane panas, si bayi mau nangis, marga saka kepepet lan saka suk-sukan.
Ing sandhinge ibu kang nggendhong bayi mau, ana priya papat kang lungguh ing bangku. Saka pangirane mengko rak salah siji saka wong papat mau bakal gelem menehi papan lungguh marang wanita mau, supaya anake ora rewel, tur iya pantes banget ngiras ngajeni wanita. Nanging kabeh priya mau mung kandheg mangerti thok bae, ora tumindak tetulung.
Ing wulang tata-krama kang becik, sabisa-bisa kita nulung marang wong kang kasusahan, kang ringkih lan kang mbutuhake pitulungan. Nanging prakteke ing saiki : arang kang tinemu kang mangkono mau.
Mula saka iku, yen pancen kita nyata kita enggone semu, becike semune wong liya mau ora mung dingerteni bae, nanging ditanggapi, murih bisa laras karo lakuning kasusilan. Gek apa perlune kita ngerti marang semu, nanging ora nuduhake kawigaten kita? Apa paedahe ngerti marang rasaning atine liyan, nanging mung meneng lan nonton bae, ora aweh pitulungan, apese nuduhake perhatian?
Padha miwitana nindakake apa kang kacetha becik, lan kang laras marang tata krama kita. Supaya sebutan “Wong Jawa enggone semu” mau ora mung kandheg ana ing tetembungan bae, ora mung kandheg ana ing umpak-umpakan bae, nanging tumindak, ana ing praktek, maedahi marang bebrayan.
Kajaba iku iya banjur bisa ngangkat drajading kasusilaning bangsa.



TATA KRAMANE BOCAH MARANG GURU


Ana ing pamulangan, bocah-bocah saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama . Upamane nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune , dilelatih matur : “Sugeng enjing, wilujeng enjing, sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya manthuk tandha aweh hurmat.
Nalika kasep mlebu kelas, kamangka wulangan wis lumaku kudu matur:”Nyuwun pangapunten, kula kasep jalaran jawah “.upamane. Ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh bangkune.
Nalikane nuju arep metu saka kelas marga arep menyang pakiwan, uapamane , ora kena ndadak metu mbludhus bae, nanging matur gurune dhisik: “Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”
Yen sesuke arep ora mlebu, iya pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit luwih dhidik, ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora mlebu.
Ana guru kang nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama. Kudune mung arep mbantah bae, awit kira-kira bae padha nduweni panemu yen tata krama iku kudu dibuwang marga tinggalane kaum feodal.
Ana uga kang ngira, yen tindak tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline, tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel.
Bocah-bocah kang susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju, nanging bocah kang bisa aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dihurmati. Wedi sabarang tindak kang klebu larangan lan kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane dhewe, nanging iya wani ngandhemi bebener lan tekade kang wis dadi keyakinane.
Murid kang sopan lan ngerti marang tata krama iku :
1. Yen kepapag gurune ana ing dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta asung kurmat kanthi manthuk.
2. Yen ketemu gurune ana ing toko utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping-ampingan wong liya, nanging panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani , malah banjur asung kurmat.
3. Yen ana sajrone kelas, arep nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit utawa tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane sarta matur :” kepareng nyuwun pirsa”.
Bocah-bocah iku ing tembe kang dadi kekembanganing bangsa. Iya nom-noman kang saiki iki kang bakal gumanti para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku , bocah-bocah kudu nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa, kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane.
Aja gampang kelud marang adat pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara kabangsan kita.
Bocah-bocah kita becike padha nduweni semboyan :” Putraning bangsa kudu ngerti tata krama”.
Aja dumeh wis dadi wong gedhe mardika banjur ora gelem nindakake suba sita lan unggah – ungguh marang wong tuwa lan gurune.
Aja dumeh pemudha wis nate labuh bangsa, banjur ora perlu ngurmati sapadha-padha.
Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni, nanging lumuh ngajeni.
Aja dumeh duwe pangkat dhuwur , banjur lali marang kamardikaning liyan lan ora ngurmati wewenanging liyan.
Lire : Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh,. supaya pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan , uga wajib ngerti marang tata-krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung nganggo basa ngoko bae, kaya caturan karo kancane dhewe.


TATA KRAMANE BOCAH MARANG WONG TUWA.


Bangsa kang wis padha dhuwur kabudayane, ora mung wong-wonge kang wus diwasa bae kang padha ngenggoni tata krama, dalah bocah-bocahe iya padha ngerti marang subasita.
Bocah-bocah ing omah lan ing pamulangan kudu diperdi marang tata krama , supaya ing tembene ora kidhung (kaku) lan bisa ngerti marang sopan santun.
Bapa biyung iya kudu merdi supaya wewatakan lan budine bocah dadi luhur, marga alusing tata kramane. Saranane ora liya , wong tuwa kudu menehi tuladha sarana pakarti , yaiku nglakoni dhewe, kejabane iku kudu tansah tlaten menehi wulangan lesan.
Nalikane bebarengan mangan karo wong tuwa , bocah-bocah dituladhani kepriye carane mangan kang mawa tata krama. Nalikane bocah-bocah dolanan karo kanca-kancane, nalikane diajak maradhayoh, kudu tansah diperdi murih ngerti marang tata krama kang becik.
Upamane nalikane diwenehi apa-apa dening wong tuwane kudu diwulangi aweh panarima, klawan matur : “Matur sembah nuwun” apa “ terima kasih”. Luwih-luwih yen kang menehi iku mau wong liya, si bocah aja nganti lali nelakake atur panuwune.
Yen pamit mulih , bocah iya diwulangi carane wong pamitan.
Tata krama, kang ditindakake wong tuwa ing sadina-dina becik diwulangake marang bocah-bocah baka sethithik, supaya bisa kulina, satemah ing besuke banjur manjing dadi pakulinane dhewe.
Yen bocah arep mangkat sekolah, becike diwajibake pamit :
“Bu, kula badhe bidhal”
“Mbah, keng wayah nyuwun pamit mangkat sekolah “
Samono uga sawise mulih, becike iya kudu matur, apese ngetok marang wong tuwa.
Mangkono yen lelungan menyang pasar utawa dolan menyang omahe kancane , kudu dikulinakake pamit dhisik, supaya ngerti marang pranatan, sarta iya ora bakal gawe bingunge sing ana ngomah.
Bocah-bocah kudu dingertekake nganti manjing dadai pakulinane, yen :
1. Wong memisuh iku ala, ora patut ditindakake dening bocah-bocah kang sopan.
2. Wong menganggo ora dibenikake iku kurang apik, ora patut tumrape bocah-bocah kang ngerti tata krama.
3. Bocah adus tanpa patelesan bebarengan karo wong akeh, karo wong akeh iku saru, ora pantes ditindakake dening bocah-bocah sekolahan.
4. Wong mbebuwang ing papan kang katon dideleng wong liya iku ora sopan, ora pantes ditindakake dening bocah kang susila.
5. Wong kang gawe geger ing pasamuwan utawa tontonan iku klebu ora apik, ora pantes ditindakake bocah-bocah pengajaran.


SAPA KANG WAJIB KITA AJENI ?

Pitutur bab tata krama deneng para luhur mung diparingake sarana lesan sarta tetuladhan sadina – dina turun –tumurun . Para putra wayahe ora ana sing nyatheti ngenti dadi kepek, mung sakehing pitutur lan larangan dicathet ing sajroning ati, sarta banjur diturunake marang putra wayahe dhewe-dhewe. Kaya mangkono run – tumurun ing kalangane bangsa kita.
Mung bae sapa kang wajib kita sembah (hurmati) wis pathokane kang tinulis , kasebut ing buku “Wulangreh” karangane Ingkang Sinuhun Paku Buwana IV tembange Maskumambang, mangkene:
Ana uga etang-etangane kaki, lelima sinembah sawiji-wiji, sembah lelima punika.
Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, marang mara tuwa, lanang wadon kang kaping tri , ya marang sedulur tuwa.
Kaping marang guru sayekti, sembah kaping lima, marang ing gustinireki, parincine kawruhana.
Dadi manut para sepuh biyen , kang wajib kita hurmati, ana lima , yaiku :
1. Wong tuwa lanang lan wong tuwa wadon
2. Mara tuwa sakarone.
3. Sadulur-sadulur tuwa.
4. Guru
5. Panggedhe.
Wis mesthi bae, pak-lik, bulik, pak dhe, budhe (uwa) eyang, buyut, sapiturute kalebu golongan wong tuwa mau, dene mitra tetepungan kang umure luwih tuwa iya patut kita ajeni, kayadene marang sedulur tuwa.
Bapa biyung rama ibu wajib kita hurmati, marga iku kang minangka lantarane lair ing alam donya. Gusti Allah enggone nitahake manungsa lumantar bapa biyung, apa dene rak ya wong tuwa kita mau kang mrihatinake nalikane si anak isih ana kandhutan, kang ngupakara si anak wiwit, lair tumekane diwasa.
Guru – kalebu guru agama – perlu dihurmati marga kang dadi lantaran kita golek kawruh lan ngangsu ngelmu, minangka gegaman kanggo nyambut gawe golek pangupajiwa lan dedalan sanguning pati.
Kasebut ing Wulangreh, kang wajib sinembah kang nomer lima, iku : gusti. Karepe ratu lan para panggedhe liyane. Awit nalika jaman samana, dhapukane paprentahan isih sacara krajan. Balik saiki : ora . ing jaman demokrasi wis ora ngarepi tatanan paprentahan krajan, wis mesthi bae dudu ratu kang dikarepake , nanging panggedhe kang ngasta pusaraning praja, kang ngreksa kawibawaning nagara.
Panindake tata krama ing jaman saiki wis mesthi karo jaman krajan. Ing jaman saiki wis ora perlu laku dhodhok, sembah jongkok , utawa nglesod nalika ngadhep marang panggedhe. Tata krama perlu dilarasake karo ajuning jaman .
Wanita sing kodrate luwih ringkih katimbang priya perlu entuk pakurmatan. Kepriye carane ngurmati wanita ? Ing antarane : tumrap sabarang kang nyenengake wanita didhisikake, nanging tumrap sabarang kang makewuhi wanita dikerekake, contone :
Ing pasamuwan, wanita diacarani lan dilenggahake dhisik
Nalika antri karcis kudu sing priya sing melu antri, aja nganti sing wanita antri karcis dene sing priya mung nunggu bae.
Nalika blanja, ora pantes yen sing putri nggegawa nganti mbentoyot dene sing kakung mung nglenthung bae.
Nanging ing jaman demokrasi , iya aran luput yen wong-wong banjur ora ngarepi tata krama. Mung nedya tumindak sakarepe dhewe, tanpa suba sita lan tanpa ngelingi unggah-ungguh lan tata susila.
Bangsa ngendi bae, tansah ngupakara murih tata krama bisane laras karo kahananing jaman, awit padha mangerti yen tata krama iku busananing bangsa.



PATRAP UTAWA TINDAK TANDUK KANG SOPAN


Patrap utawa carane wong enggone ngadeg, lungguh, caturan (guneman), mlaku bisa dadi titikan , kepriye mungguh jiwa lan pribadine wong mau.
Yen wong kesinungan jiwa luhur lan kapercayan diri pribadi , sikepe anggone ngadeg, lungguh, caturan,mlaku lan liya-liyane, mesthi beda karo sikepe wong clingus, kang ora nduweni kapercayan , lan kang kurang kaprawirane.
Dhek biyen, yen kita caturan (matur) karo wong kang kita kurmati, swara kudu lirih, nganti meh ora keprungu. Awit manut panganggep nalika samana, wong matur sarana swara kang saya lirih, dianggep saya sopan, saya netepi tata-krama.
Nanging saiki, ngadeg jejeg lan matur (caturan) sarana swara terang, cetha trawaca, tatag titis gampang dipirengake, iku dudu patrap kang kasar. Malah nuwuhake rasa simpati lan bisa ngunggar disiplin ing sajroning sanubari kita dhewe.
Kang dikarepake sikep kang tegak, jejeg, ing kene ora kok patrap kang njekengkeng kaku kaya reca, nanging sok dikantheni solah bawa kang ngresepake.
Badan kang jejeg mratandhani dununge jiwa lan pribadi kang santosa.
Yen panjenengan nuju lenggah ing pasamuwan utawa ana ing kantor, mangka ana wong kang teka marani ngethungake salam, panjenengan kudu menyat ngadeg saka kursi: nampani salame wong mau.
Yen nuju nonton wayang wong, bioskup utawa tontonan liyane, aja cecaturan seru-seru kang nganti ngganggu kasenengane liyan. Elinga yen wong-wong liya kang padha nonton iku padha ngematake apa kang dideleng lan kang dirungokake.
Yen nalika lungguh ing kursi kang jejer-jejer, mangka ana wong mentas teka liwat, panjenengan aja kabotan menehi dalan sarana narik mundur sikil panjenengan. Suwalike , yen panjenengan dhewe kang liwat, ngliwati sangarepe wong-wong kang wis lungguh dhisik, olehe mlaku kudu ngarah-arah aja nganti ngidak sikil, apadene ora ana alane karo kandha :”nuwun sewu”.
Sadurunge lungguh, becike ditliti temenan dhisik, apa kursi kang arep dilungguhi iku pancen nyata dadi hake. Supaya aja nganti kleru. Awit yen nganti kleru, dudu hake dilungguhi, mengko yen dipindhah, mundhak ngisin-isini.
Nonton tontonan sarana bengok-bengok utawa suwit-suwit, klebu pratingkah kang ora sopan.
Lungguh ing restoran, ora kena migatekake banget-banget (mandeng, ndeleng suwe) marang wong-wong liyane kang ana kono.
Lungguh ing gerbong, tram, kudu ngelingi kabutuhane penumpang liyane. Dadi panggonan lungguh kanggo wong loro aja diijeni utawa dienggo ndokok barang.
Wong kang sedhela-sedhela menyat saka papane lungguh ing papan umum, wira-wiri, sedhela-sedhela tolah-toleh ngiwa nengen utawa memburi, bisa gawe ora senenge atine liyan.
Mula saka iku, ing ngendi bae, kita kudu njaga sikep lan tindak-tanduk kita, supaya aja nganti gawe seriking liyan, aja ngganggu kasenengan utawa kamardikaning liyan.
Kudu tepa selira.


TATA KRAMA , ING NGENDI DITINDAKAKE ?


Tata krama iku ora mung katindakake yen pinuju lelawanan (srawungan) karo wong liya bae, nadyan ing omahe dhewe iya perlu katindakake. Ana ing omahe dhewe kita kudu nindakake tata lan tertib, perlune kanggo tepa tuladha marang anak-anak kita lan kulawarga saisine omah.
Wong kang sopan, yen nuju numpak sepur, ora bakal lungguh jigang utawa ndheseg papan lungguh hake wong liya, dienggo ndokok barang gegawanane . Yen ana kantor, perlu memburi (turas) utawa menyang kamar mandi, sawise bar keperluwane , iya banjur gelem nyiram (ngresiki) kaya yen nalikane mlebu ing kamar mandi utawa jambane dhewe.
Mengkono sikepe wong kang ngerti tata krama. Jiwane ora bakal ngideni nindakake patrap kang nyulayani marang budi luhure.
Aja dumeh sepur iku dudu duweke dhewe, olehe nganggo banjur sakepenake bae.

Aja dumeh kakus umum iku duweke kota praja lan kanggo keperluwane wong akeh , olehe nganggo banjur ora mikir marang kebersihane.
Aja dumeh meja kang dienggo nulis iku duweke kantor , olehe nganggo ora nate diresiki.
Aja dumeh nginep ing hotel lan wis rumangsa nyewa, olehe mbebuwang tegesan rokok ora didokok ing wadha awu, olehe idu sa-enggon-enggone.
Bab idu, yen ora perlu-perlu banget, aja idu. Yen ta kepeksa upamane amarga mambu ganda kang bacin, lagi katindakake. Samono mau kudu nyisih papan kang kiwa utawa migunakake kacu kanggo nutupi tutuk.
Ing ngendi bae, wayah apa bae, kita kudu nduwe pendhirian : tindak satindak , rembug sarembug kudu dijaga tata kramane. Aja duwe panemu yen tata krama mau kanggo sapa, ana pituwase apa ora, ana sing nliti apa ora, nanging duwea pendhirian yen : tata krama iku pirantine prikamanungsan.
Wewatone : aja gawe seriking liyan, aja ngganggu kasenenganing lan kamardikaning liyan sarana tindak tanduk , solah bawa lan rerembugan kang ora netepi tata krama . Yen kita ora seneng nemoni lelakon saka pratingkahe wong liya, kita aja nindakake apa-apa kang wis nate gawe gelaning ati kita mau.
Ing omah kita dhewe, sanajan ora ana pranatan tinulis, iya kudu duwe duga prayoga. Aja rame-rame nalikane tangga teparo wis turu. Aja ngunekake radio nganti dipolake bae ing wayahe tangga teparo ngaso, apa maneh apa maneh yen dheweke mau nuju gerah utawa kesripahan.

Wong kang ngerti tata krama, nalikane ana ing pasrawungan :
1. Ora bakal sisi. Yen kepeksa arep sisi, menyat metu dhisik, utawa saora-orane nyisih utawa mengo dhisik. Olehe sisi klawan migunakake kacu.
2. Ora bakal angop klawan ora nutupi tangan. Malah yen bisa , nyingkir dhisik sinamun ing samudana, supaya ora ngetarani.
3. Ora bakal ngureki irung nganggo drijine, utawa ngureki kuping nganggo cucuk –curek.
4. Ora bakal tudang-tuding , nudingi wong secedhake panggonane.
5. Ora bakal ngethoki utawa ngresiki kuku selagine jejagongan karo tamune.
6. Ora bakal lungguh karo sikil edheg utawa jigang ing sangarepe wong-wong kang durung ditepungi utawa wong kang pantes dihurmati.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Dasanama

Dasanama punika tembung sanes ingkang tegesipun sami (synonim), asring pinanggihaken ing sastra tembang.

Tuladha :
Ati = driya, galih, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya.
Anak = atmaja, putra, suta, siwi, sunu, tanaya, weka, yoga.
Bapak = rama, sudarma, sudarmi, yayah.
Bumi = bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratala, pratiwi.
Dalan = dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, ratan, sopana.
Desa = dhekah, dhukuh, dhusun.
Kethek = wanara, rewanda, kapi, juris, palwaga, wre, pragosa
Banyu = warih, her, tirta, we, ranu
Ilang = nir, musna, sirna, mendra
Geni = agni, brama, latu, pawaka, dahana
Kalah = kasor, kawon, kaseser, kalindhih, katitih
Dhewe = pribadi, priyangga
Gawe = kardi, karya, karti.
Ibu = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi.
Jeneng = asma, jejuluk, parab, rum-rum, sambat, wewangi.
Kanca = kanthi, rewang, rowang.
Lara = agring, gerah, gering, roga.
Mangan = boga, bukti, dhahar, madhang, nadhah, nedha.
Mati = antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal donya, murud, padhem, palastra, pralaya, pralena, seda, tinggal donya.
Omah = graha, panti, wisma, yasa, griya.
Pinter = guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widagda, widura, wignya.
Rambut = keswa, rema, weni
Rusak = brastha, punah, rabasa, remak, rug, rurah, swuh.
Slamet = basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana.
Sirah = kepala, kumba, murda, mustaka, ulu, utangga
serik = eru, rengu, runtik.
Seneng = remen, girang, harsana, harsaya, sukengkapti, trustha
Sedhih = duhkita, kingkin, margiyuh, rimang, rudah, rudatin, rudatos, rudita, sungkawa, susah, tikbra, turda, wigena.
Turu = guling, nendra, sare, tilem
Udan = jawah, riris, warsa.
Utusan = caraka, cundhaka, duta.
Wadon = dayinta, dyah, gini, juwita, putri, retna, rini, wanita, wanodya.
Weruh = andon, myat, priksa, udani, uning, uninga, upiksa, wikan, wrin.
Wong = jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara
Kula nambahi sakedhik nggih Pak Admin.
Abang = abrit, mbranang, dadu, jingga, merah, rekta
Alas = jenggala, wana, wanadri
Anggone = olehe, denya, dera, denira.
Anom = mudha, taruna, taruni.
Arep = ayun, apti, arsi, arsa, septa.
Asu = sona, srenggala, anjing, cemera.
Banget = dhahat, luwih, asru, mandra, sakamantyan, tan sipi, arda.
Bangke = parasu, kunarpa, wangke, sawa, kuwanda, mayit.
Beda = beneh, liya, pae.
Biyen = dhingin, dihin, riyin, nguni, duk ing kuna.
Bodho = pengung, kumprung, jugul, punggung, pingging, mudha, mudha dama.
Dalan = marga, margi, lurung, enu, delanggung.
Dhewe = piyambak, pribadi, priyangga, anggana.
Dhuwit = arta, yatra, uwang, picis.
Dhuwur = luhur, inggil, dhuhur, punjung.
Duta = caraka, cundhaka, wimbasara, gandhek, kongkonan, kengkenan, utusan.
Endah = peni, raras, raras rum, halep, resmi, wicitra
Emas = kencana, kanaka, jene, rukma, suwarna, rukmi.
Embok = biyung, wibi, umi, biyang, ibu, rena, indhung,
Galak = rota, lodra, rodra, krura, kruraya, praglaba, wirodra, wiroda, darpa, darpaya.
Gawe = kardi, karya, karti, yasa, makirtya.
Godhong = ron, patra, rondhon.
Gunem = wacana, angling, wicara, wuwus.
Jurang = parung, sigrong, trebis, trejung, rejeng
Kabeh = sadaya, sagung, sanggya, salir, salwir, sakalir, sakweh, sadarum.
Kalah = kandhah, kandhih, kandhap, kelindhih, ketitih, kasor.
Kangen = oneng, wulangun.
Kasmaran = kepencut, kesengsem, brangta, brangti, wuyung.
Katon = keksi, kawistara, kasatmata, kawuryan.
Karep = kapti, kayun, karsa.
Kawruh = guna, pangawikan, sastra, wedha, widya.
Kendel = nirbaya, nirbita, sura, wani, sudira.
Keris = dhuwung, wangkingan, katga, curiga, suduk.
Kethek = juris, rewanda, munyuk, wre, palwaga, wanara, kapi.
Kewuhan = wagugen, kepwan, keron, kewran, kaweken.
Kidang = mrega, arina, saraba, cemuru, wariga.
Kidul = duksina, daksina.
Kobong = kobar, kawlagar, katunu.
Kodhok = wyangga, canthuka, wiyung.
Kombang = bremara, bremari, sadpada, madukara.
Kondhang = kasub, kawentar, kombul, kasusra, kalok, kaloka, kontap, kongas, kajuwara, komuk, kojat, kasumbageng jagat, kaonang-onang, kajanapriya, misuwur, mashur.
Kulit = kusika, carma, walulang, wacucal.
Kuning = gadhing, jenar, pita.
Kuping = talingan, karna, karni
Kuwatir = ganggam, sandeya, sumelang, mamang, uwas, walang ati, walang kayun, walang kapti, walangdriya.
Lanang = jaler, jalu, kakung, priya
Langit = akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
Lawang = kori, wiwara.
Lestari = widada, lestantun, sempulur.
Lintah = uta, wredhu angga.
Lintang = kartika, sasa, sudama, tranggana, wintang
Lungguh = lenggah, sila, linggih.
Macan = mong, sardula, singa
Manawa = manawi, yen, yan, lamun, kalamun, bilih.
Manuk = peksi, kaga, kukila.
Mata = aksi, eksi, mripat, pandulu, nètra, soca
Menyawak = kawuk, salira.
Ndeleng = ndulu, natmata, mangeksi, mulat, miyat, anon.
Panah = astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra
Pandhita = ajar, dwija, dwijawara, maharsi, mahayeksi, muni, resi, suyati, wiku, wipra, yogiswara
Perang = bandayuda, jurit, laga, pupuh, rana, yuda
Pinggir = tepi, swamipa, imbang, iring.
Putih = dwala, pingul, sèta
Ratu = aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, naradipa, naradipati, narpa, narpati, narendra, nareswara, nata, pamasa, parameswara, raja, sri, sirbupati
Rembulan = badra, basanta, candra, lek, sasadra, sasn=angka, sasi, sitoresmi, sitengsu, wulan
Segara = ernawa, jalanidhi, jaladri, laut, samodra, tasik, udaya
Sènapati = bretyapati, hulubalang, narawara, sènapatya
Sorot = sunar, sunu, cahya, prawa, praba, senen, sirat, kenyar, ujwala, ujwalita.
Srengèngè = arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, dèwangkara, pradangga, radutya, raditè, rawi, surya, we
Tansah = sanityasa, lana, anggung, manggung, lumintu, lumintir.
Tuladha = kupiya, palupi, conto, darsana, lupiya.
Ula = naga, sarpa, sawer, taksaka
Untu = denta, waja.
Wadya = bala, tantra, wadyabala, wadyatantra, balakoswa, bretya, wrahatbala.
Wangi = arum, amrik, sumrik, minging, ngambar.
Wetu = wedal, wiyos, wahya, wedhar, babar, mijil, wimba, wurya

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Laire Ken Angrok


Mangkana caritane Ken Angrok.
Duk nalikane didadekake manungsa ana sawijining nom-noman anake randha ing desa Jiput . Uripe sarwa kekurangan. Sanajan mangkono, dheweke  ora gelem nyambut gawe , sing dilakoni  saben dina  mung ngabotohan, samubarang penggaweyan ala  dilakoni. Maling, main, minum  madat madon dilakoni. Yen  entek dhuwite banjur nyolong barang duweke  tanggane .  Adoh saka panggawe becik . Adoh saka bebener. Wis pedhot karo apa sing dikersakake hyang Sukma. Saben dina sing dilakoni mung gawe rerusuh,   pegaweane nyenyolong, apus-apus marang tangga teparone.  Mula tangga teparone akeh sing ora seneng, suwe – suwe  dheweke ora krasan urip  ing desa Jiput. Dheweke banjur lunga saka desane , ngungsi menyang desa Bulalak.
Nalika samana tetuwaning  wong Bulalak  yaiku mpu Tapawangkeng lagi ngedegake  gapura . Gapura gedhe minangka lawang mlebu menyang asramane.   Ing sawijing wengi mpu Tapawangkeng ngimpi manawa gapura mau  kudu disajeni. Kang kanggo sesajen awujud  wedhus bang.
Mpu Tapawangkeng banget susahe mikirake sesajen kang dijaluk dening sing mbaureksa desa kono. Wedhus bang dudu sabaene wedhus, nanging wedhus kang arupa manungsa.
Ing satengahe putheking pikire ana nom-noman anake randha saka Jiput mau kandha marang mpu Tapawangkeng yen dheweke sanggup  minangka banten pangawene gapura, minangka panebusing dosane. Dheweke kepingin ngowahi kalakuwan ala sing saben dina dilakoni. Dheweke nduweni angen-angen-angen mbesuk yen mati bisa mulih menyang  kahyangangane bathara Wisnu lan bisa tumimbal lair dadi manungsa kang luwih sampurna.  Iku kang  arep dilakoni. 
Temenan , apa sing dikarepake mau dipangestoni dening mpu Tapawangkeng. Sawise dheweke mati kang minangka bantene mpu Tapawangkeng , sukmane mabur menyang Kahyangane bathara Wisnu. Mulya ing pintung mandhala.  Karasa, cidra apa kang dilakoni mau, dheweke nitis (tumimbal lair ) ing wetaning gunung  Kawi. 
Nalika samana bhatara Brahma lagi mider jagat milang-miling golek manungsa kang bisa dadi marganing peputra ing alam donya.
Ana penganten anyar. Sing lanang jenenge Gajahpara dene sing wadon jenenge Ken Endok. Panguripane saka tetanen. Sadina-dinane  Gajahpara nyambut gawe ana ing tegal., macul mluku nggaru sawahe. Ora mulih-mulih saka sawah yen durung ngarepake srengenge angslup .
Ing  sawijining dina Ken Endok ngirim sega kanggo sarapane kaki Gajahpara lan minangka pangan ing mengko awan. Arane sawah anggone ngirim sega ken Endok yaiku ing Ayuga, dene desane Ken Endok dhewe ana ing Pangkur.
Bathara Brahma tumurun menyang  bumi, Ken Endok banjur sinanggama dening bathara Brahma.  Anggone sanggama ana ing Tegal lalateng. Sawise asanggama bathara Brahma mekas : “Aja sira asanggama kalawan lakinira. Jalaran yen nganti sira sanggama kalayan lakinira bakal mati lakinira. Putraningsun bakal kacampuran wiji saka lakinira. Putraningsun mengko jenengana Ken Angrok. Putraningsun mengko kang bakal muter bumi Jawa.”  Ora suwe bathara Brahma banjur ilang. Ken Endok nutugake laku menyang tegalan.
Sawise ketemu karo bojone Ken Endok banjur kandha : “Kakang Gajahpara, kawruhana , aku mentas wae sinanggama dening dewa kang ora katon ing Tegal lalateng. Welinge marang aku, aja turu kalawan bojomu maneh. Bojomu bakal mati yen meksa turu kalawan sira. Jalaran campur marang putrane.”
Gajahpara banjur mulih. Tekan ing omah Ken Endok banjur diajak turu arep sinanggama maneh. Nanging Ken Endok ora gelem nuruti karepe Gajahpara.  Ken Endok kandha: “Kakang Gajahpara, wis putus samene wae anggonku omah-omah kalawan  kowe. Aku wedi marang welinge dewa. Jalaran ora kena kumpul karo kowe.”
Celathune Gajahpara: “Nini, kowe iki kena apa. Apa kowe sawijining wong wadon palanyahan ora  gelem kumpul karo bojomu ? Aku uga ora kabotan yen pegatan karo kowe jalaran kowe isih seneng ambebarang. Donya kang saka kowe bali menyang kowe, dene kang saka aku bali marang aku maneh.”
Sawise mangkono, Ken Endok bali menyang Pangkur ing lor kali dene Gajahpara bali menyang Campara ing kidul kali. Durung ganep sepasar anggone pegatan, Gajahpara mati.
Wong-wong padha alok: “Mendah panase bocah kang jero weteng iku. Durung suwe pegatane wong tuwane lanang lan wadon, saiki wong tuwane lanang mati.”
Wekasan wis genep leking bocah, lair lanang. Bayi lanang mau diselehake ing pabajangan dening Ken Endok.
Ing sawijining wengi, ana maling aran Lembong lagi kesasar ing pabajangan, weruh ana soroting lampu kang padhang banget.  Lembong banjur marani prenahe sorot padhang mau. Krungu  ana bocah nangis. Ki Lembong kaget, pranyata kang nyorot padhang mau yaiku bocah bayi kang  lagi nangis iku. Bayi mau banjur dijupuk, diemban,  banjur digawa mulih menyang omahe. Diaku anak dening  Ki Lembong.
Liya dina, Ken Endok krungu yen Ki Lembong ngaku duwe anak. Marang kancane Ki Lembong kang aweh kabar mau, jarene  bayi mau anggone nemu ing pabajangan . Bayi kang mencorong ing tengah wengi.
Ken Endok nuli mara menyang omahe Ki Lembong. Sawise ketemu, pranyata bayi mau temen-temen anake. Celathune Ken Endok marang Lembong: “Yen kowe ora weruh sapa satemene bayi iku, bayi iku anakku.  Yen kowe kepingin weruh kepriye  kawitane, aku sinanggama dening bathara Brahma. Mula aja kosiya-siya bocah iki, mulyakna  bocah iku, paribasane mbok loro bapa siji kanggone bocah iku.”
Kaki Lembong karo bojone, sangsaya banget tresnane marang bocah iku. Menyang endi wae tansah digawa, ora bisa pisah karo Ki Lembong.
Sangsaya suwe, Ken Angrok sangsaya gedhe. Wayahe bocah bisa angon, Ken Angrok manggon  urip bali menyang ing Pangkur.
Entek omah lan pomahane Ken Endok lan Ki Lembong ditotohake dening Ken Angrok.
Wekasane Ken Angrok angon ing papan pangonan ing Lebak, angon kebo sepasang. Ora antara suwe kebo sing dingon mau ilang. Kebo sapasang mau nduweni pengaji 8000 kepeng. Jalaran kelangan kebo saben dina Ken Endok lan Ki Lembong tansah nyrengeni  Ken Angrok: “ Lah kaki Angrok, aku dak nunggu pisan, nanging kowe aja lunga, aku nunggu kowe pisan ing papan pangonan ing Lebak.”
Wekasane Ken Angrok lunga , bapake lan mboke lelorone kari ing Camparan lan ing Pangkur. Tumuli Ken Angrok oncat saka Pangkur ngungsi menyang  Kapundhungan. Ing kono ora ana wong welas marang dheweke. 
Ana sawi jining botoh saji saka Karuman, jenenge Bango Samparan. Dheweke kalah anggone ngabotohan. Nanging dheweke ora gelem mbayar, amarga dhuwite wis entek. Bango Samparan bingung. Dheweke oncat nglungani anggone ngabotohan arep golek dhuwit kanggone nyaur utange. Sing dituju Rabutjalu kepingin nenepi ana ing kono. Sawise nenepi ing Rabutjalu dheweke krungu ana swara saka langit: “He Bango samparan, ana putraningsun kang bakal nglunasi utangira. Arane Ken Angrok. Golekana.  Mula saiki enggal balia menyang ing Karuman! ”
Sanalika iku uga Bango Samparan bali menyang Karuman. Anggone mlaku sawengi natas ora leren- leren.  Ora direwes petenging wengi lan rumpiling dalan. Dhewek ora bakal gelem leren yen durung teka ing Karuman lan durung ketemu karo Ken Angrok.   
Bener, t eka  ing Karuman dheweke ketemu karo sawijining bocah. Bareng ditakoni, ngaku yen jenenge Ken Angrok. Ken Angrok banjur digawa mulih menyang omahe diaku anak dening Ki Bango Samparan.
Esuke Ken Angrok diajak lunga ngabotohan dening Ki Bango Samparan. Dheweke ketemu karo wong kang biyasane diajak ngabotohan. Banjur ditantang, diajak ngabotohan maneh .
Gelising crita, ing dina iku Ki Bango Samparan menang anggone  ngabotohan. Pulih kalahe Ki Bango Samparan lan bisa nyauri utang-utange kang wus kawuri.
Temen wangsiting dewa, Ki  Bango Samparan nuli mulih, Ken Angrok diajak bali mulih menyang omahe.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Pengertian Batik

Batik adalah seni gambar di atas kain untuk pakaian yang dibuat dengan teknik resist menggunakan material lilin. Kata batik berasal dari bahasa Jawa yang berarti menulis. Teknik membatik telah dikenal sejak ribuan tahun silam. Tidak ada keterangan sejarah yang cukup jelas tentang asal-usul batik. Ada yang menduga teknik ini berasal dari bangsa Sumeria, kemudian dikembangkan di Jawa setelah dibawa oleh para pedagang India. Batick, bathik, batik, batique dan batek serta batix adalah sebutan lain batik. Saat ini batik bisa ditemukan di banyak Negara seperti Indonesia, Malaysia, Thailand, India, Sri Lanka dan Iran. Selain di Asia, batik juga sangat popular di beberapa Negara benua Afrika. Walaupun demikian, batik yang sangat terkenal di dunia adalah batik yang berasal dari Indonesia dan Pekalongan merupakan ikon perkembangan batik nasional sehingga mendapat julukan sebagai KOTA BATIK.

Pengertian Batik dan Jenis Batik
Batik
Tradisi membatik pada mulanya merupakan tradisi keluarga raja-raja Indonesia di zaman dahulu. Pada masa itu batik dikerjakan hanya terbatas dalam katron saja dan hasilnya untuk pakaian raja dan keluarga serta para pengikutnya. Oleh karena banyak dari pengikut raja tinggal diluar keratin, maka seni batik ini dibawa oleh mereka keluar keraton dan dikerjakan di tempat masing-masing. Dalam perkembangannya, batik yang dulu merupakan symbol feodalisme Jawa dimana ada batik untuk raja dan keluarganya serta batik untuk orang kebanyakan, lambat laun kerajinan batik yang disebut dengan batik tulis ini ditiru oleh rakyat terdekat dan selanjutnya meluas menjadi pakaian yang sangat digemari, baik pria maupun wanita. Semula batik hanya dibuat di atas bahan dengan warna putih yang terbuat dari kapas yang dinamakan kain mori. Dewasa ini batik yang sudah menjadi kain tradisional Indonesia juga dibuat di atas bahan lain seperti sutera, polyester, rayon, dan bahan sintesis lainnya. Di samping itu, cara pembuatannya juga mengalami perubahan. Selain batik tulis, yaitu batik yang motif batiknya dibentuk dengan tangan, kini juga ada batik cap, batik printing, batik painting, dan sablon.

Jenis-jenis batik saat ini dapat ditemukan bermacam-macam. Jenis-jenis batik tersebut antara lain:
  • Batik tulis: Batik tulis merupakan jenis batik spesial dan mahal dibanding batik yang lain, karena didalam pembuatan batik ini sangat diperlukan keahlian serta pengalaman, ketelitian, kesabaran, dan juga waktu yang lama untuk menyelesaikan sebuah batik tulis. Untuk sebuah batik tulis paling cepat dapat diselesaikan selama dua minggu oleh seorang pembatik, itupun dikarenakan cuaca yang cerah dan desain motif yang biasa dan juga tidak terlalu rumit.
  • Batik cetak: Batik cetak atau disebut juga dengan batik cap, merupakan proses pembatikan yang menggunakan cap atau alat cetak atau stempel yang terbuat dari tembaga dan pada cap tersebut telah terpola batik. Sehingga proses pembatikan cetak (cap) ini dapat jauh lebih cepat dan mudah. Untuk pengerjaan jenis batik ini dapat diproduksi secara banyak dan juga hanya diperlukan waktu satu minggu untuk menyelesaikan proses pembatikan ini.
  • Batik printing: Batik printing disebut juga dengan batik sablon, karena proses pembatikan jenis batik ini sangant mirip dengan proses penyablonan. Motif batik telah di buat dan desain diprint diatas alat offset/sablon, sehingga dapat sangat memudahkan pengerjaan batik khususnya pewarnaan dapat langsung dilakukan dengan alat ini.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Tembung garba

KINANTHI

Dadia lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja sok sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ngajak-ajak,
satemah anenulari.

(Wulangreh, PB IV)

Ing tembang Kinanthi ing dhuwur iku ana tembung “lakunireku” lan tembung “lakunireki”. Satemene tembung lakunireku kedadean saka tembung laku + panambang ira + tembung iku. Tembung-tembung mau didadekake satembung, perlune kanggo nyocokake guru wilangane tembang. Yen saupama ora dibuwang wandane , bakal kaluwihan sawanda. Samono uga tembung lakunireki.
Tembung-tembung sing kaya mangkono iku diarani tembung garba utawa tembung sandi.

Tembunggarba ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. Tuladha: :
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane :
sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu )

Tuladha liyane :

aneng = ana + ing
araneki = arane + iki
dupyarsa = dupi + arsa.
jalwestri = jalu + estri
jiwangga = jiwa + angga
kajuwareng = kajuwara + ing
kalokeng rat = kaloka + ing rat
karyenak = karya + enak
kawindra = kawi + indra
lagyantuk = lagi + antuk
lebdeng = lebda + ing
legaweng = legawa + ing
lumakweng = lumaku + ing
maharaja = maha + raja
maharsi = maha + resi
mahmeru = maha + meru
martotama = marta + utama
murweng = murwa + ing
nayakeng = nayaka + ing
pranaweng = pranawa + ing
prapteng = prapta + ing
prawireng = prawira + ing
prawirotama = prawira + utama
sangsayarda = sangsaya + arda
sarotama = sara + utama
sarwendah = sarwa + endah
sireku = sira +iku
sitinggil = siti + inggil.
sukeng = suka + ing
surendra = sura + indra
waspadeng = waspada + ing
wirotama = wira + utama
yeku = ya + iku.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Tembung Camboran

Tembung camboran tegese loro utawa sing dirangkep dadi siji.
Tuladha: meja tulis, buku gambar, balung kuwuk, sayuk rukun, narapati.
Warna-warnane tembung camboran.
  1. Manut wujude
    1. Camboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung lorosing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.
Wujude camboran tugel
1.Tembung garba (sandi)
Tuladha: Nara + pati = narpati
Prapta + ing = prapteng
Idu + abang = dubang
Iya + iku = yeku
Sura + ing = sureng
Parama + iswari = prameswarI
2. Kerata basa
Tuladha: Digugu + ditiru = guru
Balung + kulit = lunglit
Gawe + kadang = wedang
Kaku + cempluk = kupluk
B. Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane.
Wujude camboran wutuh:
1. Rerangken determinatif (DM)
Tuladha : Meja tulis
Lemari kaca
Pager bata
Pitik walik
Buku gambar
2. Baliswara (rerangken MD)
Tuladha : Pancasila
Bimaputra
Wijaya kusuma
Mahasiswa
Dwiwarna
3. Tembung saroja
Tuladha : Sanak kadang
Wa sumelang
Papa cintraka
Japa mantra
Lara lapa
4. Yogyaswara
Tuladha : Dewa-dewi
Siswa-siswi
Putra- putri
Bathara- bathari
Pemudha- pemudhi
5. Tembung kosok balen (Antonim)
Tuladha : Gedhe x cilik
Enom x tuwa
Lanang x wadon
Mangkat x mulih
Dawa x cekak
Dhuwur x cendhek
2. Manut kekarepane
A. Cmboran tunggal, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar.
Upamane balung iku perangane awak utawa kewan sing atos dhewe. Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni. Banjur dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung.
Tuladha: Randha royal
Semar mendem
Nagasari
Gandarukem
Daramuluk
B. Camboran wudar, yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.
Tuladha: Meja tulis
Pelem golek
Wayang kulit
Piring beling

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS