SUKMA
LELANA GUGAT
Angin kang mabur
kekiteran ing dhuwur samodra
Sesat tanpa leren
ngobahake banyu
Iwak gedhe iwak cilik
padha gumregah
Jumedhul sakdhuwure
ombak
Ilang suwara mlebu
ing akasa
Prau-prau lelangen
nguyak playune angen-angen
Kanthi jala lan
jarring saka sutra
Obor tathit lan
lintang
Sambung sinambung ing
wewangunan jagad
Tapake iseh katon
cetha ing garis tangan
Prasetya lan prasapa
ngumbara
Dadi omah urang lan
kewan segara liyane
Lumaku manut ilining
pasir
Molah malih njupuk
warna cahyaning jaman
Wit-witan gedhe
ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot
Angin lagi thawaf
Ngubengi kedhaton
napas
0 komentar:
Posting Komentar