UPACARA MITONI
Indira : “Sugeng siyang, mbak Ika?”
Mbak
Ika : “Sugeng siyang, dek. Ana
kaperluan apa?”
Indira
: “Kula badhe nyuwun wekdal kangge wawancara njangkepi tugas piwulangan Basa
Jawa. Saged nggih, mbak?”
Mbak
Ika : “Bisa wae. Tentang napa?”
Indira
: “Kagem mangertosi kagiyatan mitoni. Saged dimilai nggih wawancaranipun? Kados
pundi perasaan mbak Ika samenika nglampahi kagiyatan mitoni?”
Mbak
Ika : “Walah, bungah banget, dek,
bisa nglakoni kagiyatan matoni nganthi lancar.”
Indira
: “Kados menapa urutan kagiyatan mitoni menika dipunlampahi?”
Mbak
Ika : “Siji, siraman sing dilakoke
para pini sepuh lan garwa. Loro, nglakoke tradisi nglebokake endog ayam teng
njero jarik calon ibu sing dilakoke garwane. Telu, calon ibu nglakoni ganti
anggeman jarik kaping pitu. Banjur kuwi dilakoke nggunting janur kuning.”
Indira
: “Lajeng kagiyatan mitoni menika dipunlampahi wonten ing pundi?”
Mbak
Ika : “Proses selametan iki dilakoke
teng mburi omah banjur nggawe krobongan.”
Indira : “Lo? Krobongan menika menapa ta, mbak?”
Mbak
Ika : “Krobongan kuwi jeneng bilik
sing digawe saka anyaman bambu iku lho.”
Indira : “Oh nggih, leres. Lajeng paedahipun dipunlampahi kagiyatan mitoni
kasebut menapa? Lan kados pundi mbok menawi kagiyatan menika mboten dipunlampahi?
Menapa wonten pengaruhipun dhateng calon jabang bayi lan calon ibu?”
Mbak
Ika : “Paedah saka kagiyatan iki ya
nyuwun pangestune marang Gusti Allah SWT., Bapak Ibu, sedulur-sedulur, lan
kanca-kanca kabeh. Menawa mboten nglakoake kagiyatan mitoni menurutku ya ora
ana pengaruhe marang calon jabang bayi lan calon ibune. Nanging, luwih apike
ndewe kudu nglestarike budaya Jawa kaya mitoni iki supaya ora ilang.
Indira
: “Oh mekaten nggih, mbak?”
Mbak
Ika : “Iya. Yawis, aku nyuwun
pangestune supaya mengko aku bisa lancar nglairke lan biso dadi ibu sing apik
kanggo anakku.”
Indira
: “Nggih, sampun mbak kula dongakaken. Amin. Matur nuwun kagem wawancaranipun,
mbak.”
Mbak
Ika : “Ya padha-padha.”
0 komentar:
Posting Komentar