Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh
Bapak Kepala sekolah ingkang pantes sinudarsana
Bapak, Ibu guru ugi staf karyawan ingkang dhahat
kinabekten Para rawuh ingkang tansah raos bagya
Saha kanca-kancaku ingkang kula tresnani
Sak derengipun kula matur dhumateng
ngarsa panjenengan sedaya manggah kita sesarengan ngraosaken
puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh ingkang sampun paring kanikmatan,
karohmatan dhumateng kita sedaya sahenggo wonten enjang punika kita saged
makempal manunggal hangrawuhi adicara ambal warsa republik Indonesia kaping 67
tahun. Sholawat soho salam mugi tansah katetepaken Allah SWT dhumateng
junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita sedaya wantu-wantu
syafa’atipun benjang wonten ing yaumul qiyamah, allohuma amin!
Matur nuwun kula aturaken dhumateng pranata
acara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula. Ing saklanjengipun kula
matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, ing wekdal punika, kula
ngambali matur ngaturaken wilujeng awit kepareng rawuh panjenengan sedaya,
ingkang sampun kepareng rawuh ing adicara mengeti ambal warsa republik
Indonesia punika. Kula ugi matur nuwun dhumateng panitia pelaksana adicara
punika, ingkang sampun nyambut damel kangge kalampahanipun adicara punika.
Para rawuh sedaya,
Kita kedhah emut menawi tanggal 17 agustus
punika bangsa Indonesia kedhah mengeti dinten kemerdekaan negari kita. 69
tahun kepengker, para pahlawan sampun memperjuangaken kemerdekaan kangge negeri punika. Para rawuh ingkang kula kurmati,
Kita kedhah nyonto para pahlawan ingkang sampun berjuang, rela berkorban. Kita, para pemuda sejatosipun kedhah langkung ningkataken semangati pasinaunan. Menawi bangsa kita pinter kita mboten malih dijajah saking kemiskinan ugi kebodoan. Kita mboten pareng patah semangat. Kita sedaya kedhah berjuang supados Indonesia saged dados negari maju.
Mugi-mugi kemawon adicara punika saged kelaksanan lancar.
Mekaten atur kula mbok bilih anggen
kula matur kathah klenta-klentuning atur, kirang subasita kula nuwun
sih agunging samudra pangaksami dhumateng panjenenganipun.
Wassalamu’alaikum
warahmatullohi wabarokatuh.
0 komentar:
Posting Komentar