Cerkak yaiku gancaran sing
ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan
kanthi cekak wae. Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa
lan ora akeh alur critane. Ing basa Indonesia, disebut cerita pendek (cerpen).Utawi sawijining
karangan kang nyritakake bab-bab kang ana gegayutane karo lelakone manungsa
kanthi ringkes, anggone nyritake saka wiwitan, tuwuh dredah, nganti carane
ngrampungake masalahe.
Ciri-cirine cerkak:
a. Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
b. Isine padhet (ringkes)
c. Alur mung siji
d. Basane mentes
e. Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon
Titikane cerkak:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
5. Menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca
Unsur intrinsik cerkak:
1. Underan (tema crita)
Underan yaiku pokok masalahe crita utawa
lelandhesane/ dasar crita.
2. Amanat (ancas)
Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku
utawa pesen pangripta marang pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral
utawa pandhidhikan.
3. Paraga lan watak paraga (lakon)
Paraga utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang
sipate becik lan ana uga kang sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa
kanggo mbedakake lakon siji lan sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake
lakon bisa kanthi lumantar ing ngisor iki, yaiku:
- Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita
- Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing antarane para paraga
- Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga
4. Padunungan, wektu, lan swasana
crita (latar, setting)
Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo
panggonan, wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing
crita iku.
5. Alur crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita.
Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur sorot
balik (flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
- Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki
- Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur
Rangkaiane kedadean sing mbentuk alur dibagi
tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
- Paparane crita (pemaparan)
- Critane wiwit ana masalah (perumitan)
- Ana masalah antara paraga (konflik)
- Masalah luwih gawat (klimaks)
- Pungkasane crita lan carane nyelesaiake masalah ing paripurnane crita
- Happy ending : ing
paripurnane crita nyenengake
- Sad ending :
paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.
6. Pamawas (sudut
pandang)
Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake
dirine ing crita. Yen pangripta melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake,
tegese pangripta kalebu pamawas (sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak
bisa uga dadi paraga utama bisa uga paraga tambahan (sampingan). Menawa
pangripta amung nyritakake wong liya lan dheweke ora dilibatake ing sajroning
crita, tegese dheweke nggunakake pamawas (sudut pandang) wong katelu.
7. Busananing basa (gaya bahasa)
Busananing basa yaiku basa sing
digunakake pangripta sajroning nyusun crita.
Unsur Ektrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak,
kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan, lan
5. Budaya






0 komentar:
Posting Komentar